Pituture Copet
marang Dhemenane
W.S.
Rendra
Alih
basa: D.S. Aji
Siti…
siti… siti…?
(ana
apa kang…)
Aku
saiki ngerti kahananmu, siti…
Aku
ora bakal maneh meksa sliramu
Kawin
karo aku
Lan
nyingkur mlayu saka wong lanang kang ngopeni sliramu
(lawa-lawa
yak-oyakan
Tengarane
srengenge wus angslup
Aku
nyanyi satengahe sesuci
Awakku
kang seksi tak bilas banyune waspa
Ooo…
kakang kekasihku
Dakantu
neng pucuke lurung
Kanthi
klambi warna dhadhu)
Nasibmu
saiki wis lumayan siti…
Saka
babu dadi simpenane kepala jawatan
Kawin
karo aku ngrusak kabejanmu
Iki
dudu nggresah
Nanging
aku pacen dudu bapak kang apik kanggo anakmu mbesuk
(lawa-lawa
yak-oyakan
Tengarane
ari wus ngancik sore
Ooo…
angin
Ooo…
kakang
Sarap-sarapku
geter
Ngantu
angete asihmu ngusapi waspaku)
Tresnamu…
aku wus ora cubriya
Tapi
tresna nomer loro
Ping
pisan golekana kaslametan
Ati
iki kudu ikhlas
Ngupaya
kanggo mbesuke
Aja
tanggung-tanggung
Apusana
lananganmu
Kurasen
bandhane
Kareben
uripmu santosa
Minangka
kepala jawatan, lananganmu iku normal
Seneng
disogok,
Seneng
korupsi,
Yen
ta mbesuk ganti kokapusi
Iku
wus lumrah
Maling
ngapusi maling iku sebaene
Neng
bebrayan maling, kehormatan iku mung gincu
Kang
utama iku lelamisan
Kaping
pindho wani
Kaping
telu giat
Nomer
papat iku teteg, najan ta goroh
Iki…
iki lho ilmu maling
Dadi
aja gojag-gajeg
Rakyat
cilik ra isa ngalah terus
(lawa-lawa
yak-oyakan ari gumanti wengi
Dina
iki sliramu ora keduman kang…
Amarga
lananganku wus teka bengi iki
Badhut
pengung iku bakale akrobat ing peturonku)
Upayakna
pijer munggah drajadmu
Usahakna
kenal mentri, najan mung siji
Usahakna
dadi dhemenane
Sambi
dadi dhemenane mentri
Panggaha
dadi dhemenane lananganmu kawak
Yen
ta dheweke wegah kokrangkep
Kaya
dene dheweke ngrangkep sliramu lan bojo-bojone
Tegese
dheweke ra ngrumangsani
Dhupak
wae
Aja
cilik atimu merga kurang anggonmu sekolah
Anggere
awakmu ijik nduweni supiyah lan awakmu ijik apik wujude
Ngomongmu
ngawur ora apa-apa
Sing
penting semangat, teteg, lan greget
Ya
merga iku gambarane mentri
(lawa-lawa
yak-oyakan
Tengarane
wengi wus ngancik
Ngen-ngenku
ngulandara ing satengahing pawai
Nalika
gayeng, tanganmu nyenggol bokongku
Mangkono
iku awake dhewe tetepungan
Ya
sawise dakjejak sikilmu nalika iku
Lan
saiki… saben sore
Pindhane
gedhang mateng
Aku
kangen tanganmu ngonceki)
Aku
memuji kanggo anakmu mbesuk
Rina
tumekane wengi jaganen dheweke
Kira-kira
dheweke iku lanang, bagus
Gulangen
tata carane wong padu
Aja
wedi njegal saka mburi
Aja
entuk mbiji wong saka watake
Merga
mung ana loro
Bala
utawa mungsuh
Bala
isa apik sawetara
Lamun
mungsuh salawase ala
Kudu
ditumpes nganti sirna
Iki
hakekate ilmu selamat
Ajarana
anakmu nganti drajad kang dhuwur
Aja
entuk dadi guru utawa professor
Cilaka
pitulikur iku
Dhuwite
ra ana, sanajan saiki sertifikasi
Yen
bisa, dadia polisi, utawa tentara
Supayane
ora susah tuku beras
Merga
antuk saka Negara
Lan
kanthi sragam utawa ora…
Hakke
kang utama
Yenta
mengko dheweke lamis kaya ibune
Lan
watake lunyu kaya bapake, nah!
Iki
kombinasi kang ngedab-edabi
Artine
dheweke gampang mlebu politik
Sapa
ngerti dadi anggota dewan kang misuwur
Mungkin
bisa dadi mentri
(lawa-lawa
yak-oyakan
Tengarane
ngancik telenge wengi
Lampu-lampu
murup
Para
wanita pasang gincu
Lan
kakang kandhaa neng endi aku lan sliramu bisa mutuske rindhu)










