Gurit Pambusak
daktulis
gurit iki nalika
wus
kabusak ngen-angenku
kabusak
dening Sang Kala
lumantar
angin mlaku
kabusak
ngen-angenku nalika
angin-angin
sumribit mlaku
nata
mendhung, nggawa mega
nibakake
riris, mbusak wedhak gincu
Mangu, 15 Sapar 1948
Nglaras ing
Pacoban
Dadi
klaras kudu garing
Dadi
garing kudu panas
Dadi
panas kudu kobong
Kobong
lawan kahanan
Menter
lawan pacoban
Mangu, 15 Sapar 1948
Guneman Mangsa
Rendheng
Udan,
pancen wancimu tiba
Aku
wus ditambal
Aspal,
aja nesu yen ta lara
Jaremu
awakmu kebal
Aspal,
aku wus ra kuat nyangga
Titipane
pangeran sing dakgawa
Mega,
culna sajak ra kuwawa
Pancene
dudu duwekmu
Bumi
kang kaprenah mengku
Mangu, 15 Sapar 1948
Kapacak ing Koran Solopos Rubrik
Jagad Jawa






0 komentar:
Posting Komentar