Sabubare Kukus Kopi kang Pungkasan
D.S. Aji
Kukus kopi kang pungkasan
Ora dakkira, nuwuhake rasa kapang
Kapang marang ganda
Kapang marang rasa
Uga kapang marang angete wedang kang nyenggol kahanan
Sawetara kang kapungkur iku muspra
Sadurunge ilang
Kukus kopi kang nggawa panas pungkasan
Mangu, 17 Sela 1948






0 komentar:
Posting Komentar