Pages

Kamis, 22 Oktober 2015

Aku Pengin Ngesaki Angin

Aku Pengin Ngesaki Angin
D. S. Aji

Aku pengin ngesaki angin
Nadyan iku tangeh mungkin
Aku pengin ngesaki angin
Nalika layanganku nggawa guneme batin

Pengin dakaburke layanganku
nadyan barat nora teka
Pengin dakaburke layanganku
nadyan udan ge tumiba

nadyan mangkono, aku pengin ngesaki angin
Ing sawayah bisa kanggo,
Mbumbungake rasa, marang dununge

                                    Mangu, 13 Jumadilawal 1948

Kapacak ing antologi geguritan Roncen Jiwa

0 komentar:

Posting Komentar