Pages

Kamis, 22 Oktober 2015

Pituture Copet marang Dhemenane

Pituture Copet marang Dhemenane
W.S. Rendra
Alih basa: D.S. Aji

Siti… siti… siti…?

(ana apa kang…)

Aku saiki ngerti kahananmu, siti…
Aku ora bakal maneh meksa sliramu
Kawin karo aku
Lan nyingkur mlayu saka wong lanang kang ngopeni sliramu

(lawa-lawa yak-oyakan
Tengarane srengenge wus angslup
Aku nyanyi satengahe sesuci
Awakku kang seksi tak bilas banyune waspa
Ooo… kakang kekasihku
Dakantu neng pucuke lurung
Kanthi klambi warna dhadhu)

Nasibmu saiki wis lumayan siti…
Saka babu dadi simpenane kepala jawatan
Kawin karo aku ngrusak kabejanmu
Iki dudu nggresah
Nanging aku pacen dudu bapak kang apik kanggo anakmu mbesuk

(lawa-lawa yak-oyakan
Tengarane ari wus ngancik sore
Ooo… angin
Ooo… kakang
Sarap-sarapku geter
Ngantu angete asihmu ngusapi waspaku)

Tresnamu… aku wus ora cubriya
Tapi tresna nomer loro
Ping pisan golekana kaslametan
Ati iki kudu ikhlas
Ngupaya kanggo mbesuke
Aja tanggung-tanggung
Apusana lananganmu
Kurasen bandhane
Kareben uripmu santosa
Minangka kepala jawatan, lananganmu iku normal
Seneng disogok,
Seneng korupsi,
Yen ta mbesuk ganti kokapusi
Iku wus lumrah
Maling ngapusi maling iku sebaene
Neng bebrayan maling, kehormatan iku mung gincu
Kang utama iku lelamisan
Kaping pindho wani
Kaping telu giat
Nomer papat iku teteg, najan ta goroh
Iki… iki lho ilmu maling
Dadi aja gojag-gajeg
Rakyat cilik ra isa ngalah terus

(lawa-lawa yak-oyakan ari gumanti wengi
Dina iki sliramu ora keduman kang…
Amarga lananganku wus teka bengi iki
Badhut pengung iku bakale akrobat ing peturonku)

Upayakna pijer munggah drajadmu
Usahakna kenal mentri, najan mung siji
Usahakna dadi dhemenane
Sambi dadi dhemenane mentri
Panggaha dadi dhemenane lananganmu kawak
Yen ta dheweke wegah kokrangkep
Kaya dene dheweke ngrangkep sliramu lan bojo-bojone
Tegese dheweke ra ngrumangsani
Dhupak wae
Aja cilik atimu merga kurang anggonmu sekolah
Anggere awakmu ijik nduweni supiyah lan awakmu ijik apik wujude
Ngomongmu ngawur ora apa-apa
Sing penting semangat, teteg, lan greget
Ya merga iku gambarane mentri

(lawa-lawa yak-oyakan
Tengarane wengi wus ngancik
Ngen-ngenku ngulandara ing satengahing pawai
Nalika gayeng, tanganmu nyenggol bokongku
Mangkono iku awake dhewe tetepungan
Ya sawise dakjejak sikilmu nalika iku
Lan saiki… saben sore
Pindhane gedhang mateng
Aku kangen tanganmu ngonceki)

Aku memuji kanggo anakmu mbesuk
Rina tumekane wengi jaganen dheweke
Kira-kira dheweke iku lanang, bagus
Gulangen tata carane wong padu
Aja wedi njegal saka mburi
Aja entuk mbiji wong saka watake
Merga mung ana loro
Bala utawa mungsuh
Bala isa apik sawetara
Lamun mungsuh salawase ala
Kudu ditumpes nganti sirna
Iki hakekate ilmu selamat
Ajarana anakmu nganti drajad kang dhuwur
Aja entuk dadi guru utawa professor
Cilaka pitulikur iku
Dhuwite ra ana, sanajan saiki sertifikasi
Yen bisa, dadia polisi, utawa tentara
Supayane ora susah tuku beras
Merga antuk saka Negara
Lan kanthi sragam utawa ora…
Hakke kang utama
Yenta mengko dheweke lamis kaya ibune
Lan watake lunyu kaya bapake, nah!
Iki kombinasi kang ngedab-edabi
Artine dheweke gampang mlebu politik
Sapa ngerti dadi anggota dewan kang misuwur
Mungkin bisa dadi mentri

(lawa-lawa yak-oyakan
Tengarane ngancik telenge wengi
Lampu-lampu murup
Para wanita pasang gincu

Lan kakang kandhaa neng endi aku lan sliramu bisa mutuske rindhu)

0 komentar:

Posting Komentar